Monday, June 11, 2018

NGIBADAH SAPUNGKURIPUN RAMADHAN


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَركَاتُهُ
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Wasiat taqwa asring kita midhangetaken, paling boten saben dinten Jum’at khatib tansah ngémutaken supados kita nambah taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Hananging raosipun lan katingalipun namung sakedhik sanget ingkang saged nyénggol ing manah nggatosaken ajakan kasebat. Utawi wonten ingkang handhѐrѐk ajakan kasebat hananging tansah kandhas wonten ing satengahing marga, jalaran kapѐncut bujukan lan pangridhunipun syéthan, sahingga dados tiyang munafiq.
Sumangga kita hanyenyuwun dhateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala mugi-mugi kita istiqamah saged hangreksa iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ngantos bénjang sowan ngarsan-Ipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Dinten Riyadi Idul Fitri 01 Syawwal nembé kémawon kita lampahi kanthi suka renaning penggalih lan kebak syukur dhateng ngarsanipun Allah Subhanhu wa Ta’ala, jalaran sampun kita rampungaken pangibadahan shiyam Ramadhan salebetipun satunggal wulan natas. Sadaya kita lampahi kanthi tulus ikhlas namung nyadhong ridhanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Salaminipun wulan Ramadhan kita manfa’ataken kanggé nambah kwalitas dhiri. Mugi-mugi sadaya pangibadahan kita pikantuk hasil, saged nambah ketaqwaan kita dhateng Allah Subhanhu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Ngamal ingkang sahé punika ngamal ingkang ajeg (istiqamah) katindakaken sanajan namung sakedhik gunggungipun.  Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
أَحَبُّ الأَعْمَالِ إِلَى اللَّهِ تَعَالَى أَدْوَمُهَا وَإِنْ قَلَّ.
Tegesipun: ”Amalan kang banget disenengi déning Allah Ta’ala yaiku amalan kang ajeg (kontinu), sanajan iku sathithik”. (HR. Muslim No.:783, saka ’Aisyah –radhiyallahu ’anha).
Sapungkuripun wulan Ramadhan wonten amal ibadah ingkang kedah kita lajengaken malah kapara boten dipuntilar. Amal ibadah ingkang kedah dipunlanggengaken ing antawisipun, inggih punika:
1.      Qiyamul Lail: Qiyamul Lain kasebat ugi Tahajud, lan ugi kasebat Tarwih manawi ing wulam Ramadhan prayogi katindakaken kanthi wigatos, jalaran lumantar shalat tahajud punika Allah Subhanhu wa Ta’ala badhé paring kanugrahan ingkang ageng. Allah Subhanhu wa Ta’ala paring derajat ingkang pinuji, paring solusi sadaya perkawis gesanging manungsa. Allah Subhanhu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Isra’ [17] ayat 79-80:

وَمِنَ اللَّيْلِ فَتَهَجَّدْ بِهِ نَافِلَةً لَكَ عَسَى أَنْ يَبْعَثَكَ رَبُّكَ مَقَامًا مَحْمُودًا (٧٩) وَقُلْ رَبِّ أَدْخِلْنِي مُدْخَلَ صِدْقٍ وَأَخْرِجْنِي مُخْرَجَ صِدْقٍ وَاجْعَلْ لِي مِنْ لَدُنْكَ
سُلْطَانًا  نَصِيرًا  (٨٠)
Tegesipun: “Lan ana ing sapérangané wengi shalata Tahajud sira minangka sawijining ngibadah tambahan tumrap sira; muga-muga Pengéran ira ngangkat sira ing derajat kang pinuji [79], Macaha sira (Muhammad): “Dhuh Pengéran kula, mugi Panjenengan nglebetaken kula sarana mlebet ingkang leres (mlebet Madinah) lan mugi Penjenengan ngedalaken kula (saking Mekah) sarana  medal ingkang leres, lan mugi Penjenengan paring saking ngersa Penjenengan kanggé kula kekiyatan ingkang mitulungi”. (QS. Al-Isra’ [17]:79-80).
2.      Shiyam/pasa; Shiyam (wajib/sunnah) punika dados tamѐng tumindak ingkang boten prayogi; keji lan mungkar ingkang boten nyocoki kaliyan pranatan agami. Shiyam ugi dados tamѐng saking bentѐripun latu Neraka. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
اَلصِّيَامُ جُنَّةٌ.
Tegesipun: “Pasa (Shiyam) iku  tamѐng”. (HR. Bukhari lan Muslim).
Shiyam ingkang dipunsunnahaken ing antawisipun inggih punika:
2.1.           Shiyam/pasa 6 (enem) dinten salebetipun wulan Syawwal.
2.2.           Shiyam/pasa Nabi Dawud; sadinten pasa lan sadinten buka (boten pasa).
2.3.           Shiyam/pasa dinten Senin lan dinten Kamis.
2.4.           Shiyam/pasa Wulan Sya’ban.
2.5.           Shiyam/pasa Muharram lan Wulan-wulan Hurum (inggih punika: Zulkaidah, Zulhijjah, Muharram, lan Rajab).
2.6.           Shiyam/pasa Dinten ‘Asyura lan Tasu’a (tanggal 9 lan 10 Muharram).
2.7.           Shiyam/pasa Dinten ‘Arofah (tanggal 9 Zulhijjah) manawi boten nembé ihram hajji.
2.8.           Shiyam/pasa Yaumul Bi’id (tanggal 13, 14, lan 15 saben wulan Qomariyah).

3.      Shodaqah; Ngamal shadaqah prayogi kita gatosaken sanajan namung sakedhik anggѐn kita ngamal shadaqoh. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
مَثَلُ الَّذِينَ يُنْفِقُونَ أَمْوَالَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ كَمَثَلِ حَبَّةٍ أَنْبَتَتْ سَبْعَ سَنَابِلَ فِي كُلِّ سُنْبُلَةٍ مِئَةُ
حَبَّةٍ وَاللَّهُ يُضَاعِفُ لِمَنْ يَشَاءُ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ
Tegesipun: Patuladhan (sedhekah kang kawetokaké déning) wong-wong kang padha nyedhekakahaké bandhané ing dalan Allah iku padha kaya patuladhané segagang winѐh kang nukulaké pitung ulѐn-ulѐn, kang saben-saben ulѐnan ana satus wiji. Allah nikel-nikelaké (ganjaran) tumrap sapa wahé kang dikersakaké Allah. Lan Allah iku Maha Jembar (kanugrahan-É) tur Maha Ngudanѐni”. (QS. Al –Baqarah [2]: 261).
Sedekah punika boten ngirangi bandha, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika, makaten:  
مَا نَقَصَتْ صَدَقَةٌ مِنْ مَالٍ.
Tegesipun: “Sedekah iku ora ngurangi bandha”. (HR. Muslim no.2558).
Wonten ing hadits sanѐs dipunsebataken:
أنفقي أَوِ انْفَحِي ، أَوْ انْضَحِي ، وَلاَ تُحصي فَيُحْصِي اللهُ عَلَيْكِ ، وَلاَ تُوعي فَيُوعي اللهُ
عَلَيْكِ
Tegesipun:  “Infaqna bandhamu. Aja sira ngétung-étung (nyimpen tanpa gelem nyedhekahaké). Lamun ora gelem nginfaqaké, mangertiya Allah bakal ngilangaké berkah rizki mau. Aja sira ngalang-ngalangi kanugrahané Allah kanggo sira. Lamun ora (gelem nginfaqaké), mula Allah bakal nahan anugerah lan kamurahan kanggo sira”. (HR. Bukhari no. 1433 dan Muslim no. 1029, 88).
4.      Ta’lim (ngudi ngilmu); Pados seserepan mliginipun ngilmu agami punika boten wonten wekdal kanggé ngaso, paribasanipun. Gegayutan kaliyan Ta’lim (pados seserepan) punika kedah dipunpiji, amrih anggѐn kita gesang lan ngibadah punika saged leres lan jumbuh kaliyan tuntunan syari’at agami. Prayogi nyuwun priksa manawi pancѐn boten mangertos ngilmunipun, jalaran badhé drawasi manawi ngamal boten lelambaran kanthi ngilmu. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
وَقَدِمْنَا إِلَىٰ مَا عَمِلُوا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنَاهُ هَبَاءً مَنْثُورًا
Tegesipun: “Lan Ingsun ngersakaké niti priksa marang ngamal-ngamal kang dhѐwѐké kabѐh wis nindakaké, banjur Ingsun ndadѐkaké ngamal iku (kaya déné) lebu kang diawur-awurké”. (QS. Al-Furqan [25]:23).
Ayat sanѐs ingkang nunggal makna, Allah Ta’ala dhawuh:
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (1) وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (2) عَامِلَةٌ نَاصِبَةٌ (3) تَصْلَى نَارًا حَامِيَةً. (4)  
Tegesipun: “Apa wis teka marang sliramu kabar (ngenani) dinané nampa piwales [1], Rahi-rahiné (wong-wong) akѐh ing dina iku padha tundhuk ina [2], banget kangélan lan payah [3], padha kecemplung ing geni kang banget panasé [4]”. (QS. Al-Ghasyiyah [88]: 1-4).
Awit saking punika poma-dipoma ngamal ngibadah punika kedah lelambaran ngilmu, jalaran ngamal tanpa ngilmu boten badhé dipuntampi déning Allah Ta’ala. Dipun-gambaraken kados lebu ingkang dipunawur-awuraken, babar pisan boten wonten gina lan manfa’atipun.
5.      Silaturrahmi; Nyambung pasedhѐrѐkan (silaturrahmi) punika ageng sanget manfa’atipun. Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:

مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيُكْرِمْ ضَيْفَهُ, وَمَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللهِ وَاْليَوْمِ اْلآخِرِ فَلْيَصِلْ رَحِمَهُ.
Tegesipun: “Sapa wongé iman marang Allah lan dina akhir, becik dhѐwѐké mulyakaké tamu, lan sapa wongé iman marang Allah lan dina akhir, becik dhѐwѐké nyambung silaturrahmi (paseduluran)”.

Hadits sanѐs ingkang nunggal makna, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
صِلْ مَنْ قَطَعَكَ وَأَعْطِ مَنْ حَرَمَكَ وَأَعْرِضْ عَمَّنْ ظَلَمَكَ.

Tegesipun: “Padha sambungen sira wong kang medhotaké sesambungan karo sira wѐnѐhana marang wong kang ora mѐnѐhi marang sira, lan ungkurana wong kang tumindak dlolim marang sira”. (HR. Ahmad).
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ugi ngendika gegayutan kaliyan silaturrahmi punika kanthi dhawuh pangandikanipun:
مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُبْسَطَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، وَيُنْسَأَ لَهُ فِي أَجَلِهِ، فَلْيَتَّقِ اللَّهَ، وَلْيَصِلْ رَحِمَهُ.
Tegesipun: “Sapa wongé kang seneng dijembaraké rizkiné, lan didawakaké umuré, becik dhѐwѐké taqwa marang Allah, lan nyambung paseduluran (silaturrahmi)”.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Makaten khutbah Jum’ah ing wekdal siyang punika ingkang saged kula aturaken gegayutan kaliyan pangibadahan sapungkuripun Ramadhan. Mugi-mugi kita saged pinanggih malih wulan Ramadhan tahun ingkang badhé dumugi, kanthi pinaringan séhat wal ‘afiyat. Amin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=[hms, 100618, 16.25]=-

Wednesday, June 6, 2018

SYIYAM DADOSAKEN LAKU IHSAN (KHUTBAH IDUL FITRI 1439 H)


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
 فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
اللهُ اَكْبَرُ اللهُ اَكْبَرُ.  لآاِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ  اَللَّهُ اَكْبَرْ, اَللَّهُ اَكْبَرْ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
اَللَّهُ اَكْبَرْ, كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا, وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَاَصِيْلاً ـ لآ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَلاَنَعْبُدُ اِلاَّ اِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الْكَافِرُوْنَ, لآاِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ, صَدَقَ وَعْـدَهُ, وَنَصَرَعَبْدَهُ, وَاَعَزَّ جُنْدَهُ, وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ, لآ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ . اَللَّهُ اَكْبَرْ, اَللَّهُ اَكْبَرْ وَلِلَهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat ‘Idul Fitri Rahimakumullah,
Wonten ing énjang ingkang éndah punika, sumangga kita ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, ingkang sampun maringi kekiyatan dhumateng kita saged ngrampungaken ngibadah siyam Ramadlan satunggal wulan muput wonten ing tahun punika. Kita ugi ngaturaken syukur, jalaran kita dipunkanthi déning Allah Subhanu wa Ta’ala saged tindak dhateng lapangan punika kanggé mbuktѐkaken raos tresna kita dhumateng Rasulullah shallahu ‘alaihi wa sallam lan mbuktѐkaken bekti kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang ngendhalѐni jiwa lan raga kita.
Shalawat saha salam mugi tansah kaparingaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad shallallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, tabi’in, tabi’it tabi’in, lan para tiyang ingkang tansah mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
اَللهُ اَكْبَرُ اَللهُ اَكْبَرُ وَلِلَّهِ الْحَمْدُ.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Ing énjang punika sedaya Muslim kanthi khusyu’ nindakaken shalat Idul Fitri. Tahmid, tahlil ngumandhang saindhenging jagad raya minangka tandha syukur, lan sarana marek dhateng Allah Rabbul ‘Izzati, kanthi pangajeng-ajeng pikantuk ridha saha berkah-Ipun.
Ing dinten punika sedaya Muslim nindakaken “ifthar” –buka- anggѐnipun nindakaken shiyam sasampunipun jihad nglawan hawa nefsu salaminipun wulan Ramadhan.
Wiwit  01 Syawwal punika kita dipunhalalaken malih dhahar lan ngunjuk saha kempul kaliyan garwa ingkang salaminipun siyang ing wulan Ramadhan dipunharamaken. Hananging sanajan sampun dipunhalalaken kita kedah tetep teratur anggѐn kita dhahar saha ngunjuk, lan boten dipunparengaken déning syari’at Islam kanthi leluwihan. Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ing surat Al - A’rof [7] ayat 31 makaten:
يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِنْدَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ
Tegesipun: “Hé anak Adam, sira supaya nganggo pakéyan kang bagus ing saben-saben (mlebu) masjid, padha mangan lan ngombéya sira, lan aja nganti leluwihan. Satemené Allah ora seneng marang wong kang padha leluwihan.” (QS. Al - A’raf [7]:31).
Shiyam ing wulan Ramadhan punika manawi dipun-gayutaken kaliyan ketaqwaan pramila sabibaripun Ramadhan saben Muslim ingkang shiyam kedah nedahaken sikap lan laku IHSAN.
IHSAN inggih punika kesahénan ingkang utami, ingkang dadosaken tiyang inggil drajatipun; “Sira manyembah marang Allah kaya-kaya sira weruh marang Panjenengané. Lamun sira ora kuwasa ndeleng marang Panjenengané, mangka mangertiya satemené Allah iku Mirasani.” (HR. Bukhari, Muslim).
Laku IHSAN umpaminipun, paring pangapunten dhateng tiyang ingkang nyalahi dhateng kita, nyambung tali pasedhѐrѐkan dhateng tiyang ingkang medhot pasedhѐrѐkan dhateng kita, lemah lembut lan andhap asor dhateng tiyang ingkang kasar tindakipun dhumateng kita.
Wondéné tumindak kesahénan minangka undhuh-undhuhanipun kita nindakaken shiyam Ramadhan ing antawisipun; jembar manah, sabar, santun, toleran, lan mampu meper hawa nefsu minangka laku utami.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Manawi saben-saben Muslim punika kiyat meper hawa nefsu; wiwit nefsu dhahar, ngunjuk, lan kempal kaliyan garwa minangka tamѐng tumindak awon, pramila piyambakipun badhé saged  nanggulangi ugi tumindak asor sanѐsipuin, lan piyambakipun badhé dados tiyang ingkang IHSAN ingkang luhur derajatipun.
Wonten ing madyaning panggesangan umat Islam prayogi dados tuladha ingkang sahé ing sadhéngah perkawis kalebet dados pelopor gerakan keadaban IHSAN gegayutan kaliyan pawartos. Umat Islam boten gampil nyebar pawartos ingkang boten nyata, hoax, kebencian, permusuhan, lan sedaya perkawis ingkang damel icalipn keadaban public.
Prayogi nilai-nilai IHSAN dipundadosaken sarana ngraketaken bangsa lan negari minangka cermin risalah Islam rahmatan lil ‘alamin. Tegesipun para Muslim lan mliginipun Muslim ingkang ‘alim saged dados tuladha mraktѐkaken IHSAN ing madyaning masyarakat bebrayan agung, bangsa, lan negari. Patuladhan ingkang sahé (makruf) dadosaken bingahing manah ing panggesangan saben dintenipun.
Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dhawuh supados tumindak IHSAN minangka wujud pangéja wantahipun akhlaqul karimah kados risalah kenabianipun bilih; Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam dipunutus boten wonten sanѐs kajawi kadhawuhan nyampurnakaken akhlaq ingkang mulya.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Sasampunipun kita nindakaken pangibadahan ing wulan Ramadhan lan Idul Fitri, sumangga salebetipun gesang kita gegancangan tumindak kesahénan minangka wujud ketaqwaan kita; unduh-undhuhaniopun nindakaken shiyam. Sumangga salebetipun kita gesang ingkang boten dangu manawi kabandhingaken gesang ing akhirat, kanthi nanem amal shalih. Lan prayogi kita boten ngendhé-endhé tumindak kesahénan, jalaran kita boten mangertos bénjang punapa Allah Subhanahu wa Ta’al badhé mendhet ajal kita.
Awit saking punika sumangga kita pahѐsi gesang kita kanthi ngamal kesahénan, amrih gesang kita punika kebak amal kesahénan kanthi fondhasi IMAN, ISLAM, lan IHSAN. Ingkang sadaya kalawau minangka wujuding taqwa. Kanthi makaten gesang kita badhé manggih karaharjan ing donya lan akhirat, saha pikantuk rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang awujud Suwarga Jannatun Na’im.
Hadirin Jama’ah Shalat Idul Fitri Rahimakumullah,
Ing wasana, kanthi manah ingkang khusyu’, sumangga kita sesarengan munajad,  nyenyuwun dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi kita tansah pinaringan pitedah lan kekiyatan saged nindakaken sadaya dhawuh-dhawuhipun lan kanthi sabar nilaraken sadaya awisan-awisan-Ipun, amrih gesang kita manggih karaharjan lan kabegjan ing donya lan ing akhirat, kanthi lelambaran ridha lan rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بسم الله الرحمن الرحيم
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ, حَمْدًا النَّاعِمِيْنَ, حَمْدًا الشَّاكِرِيْنَ, حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِىءُ مَزِيْدَهُ, يَارَبَّناَ لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلاَلِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. اَلّلَهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى رَسُوْلِكَ وَنَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ, وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلَّلهُمَّ بَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ، وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ..
اَللَّهُمَّ اغْـفِـرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ, وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ, اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ، إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
 اَللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ، وَأَرِنَا الْبَاطِلَ باَطِلاً وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ.
 اَللَّهُمَّ انْصُرْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ النَّاصِرِيْنَ, وَافْتَحْ لَنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الْفَاتِحِيْنَ, وَاغْفِرْلَنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الْغَافِرِيْنَ, وَارْحَمْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ, وَارْزُقْنَا فَإِنَّكَ خَيْرُ الرَّازِقِيْنَ, وَاهْدِنَا وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمَ الظَّالِمِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْجَاهِلِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْمُنَافِقِيْنَ, وَنَجِّنَا مِنَ الْقَوْمِ الْكَفِرِيْنَ.
 اَللَّهُمَّ اجْعَلْ جَمْعَنَا هَذَا جَمْعًا مَرْحُوْمًا, وَتَفَرَّقَنَا مِنْ بَعْدِهِ تَفَرَّقًا مَعْصُوْمًا.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْهُدَى, وَالتُّقَى وَالْعَفَافَ وَالْغِنَى. اَللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوْذُ بِكَ مِنْ زَوَالِ نِعْمَتِكَ, وَتَحَوُّلِ عَافِيَتِكَ, وَفُجَاءَةِ نِقْمَتِكَ, وَجَمِيْعِ سَخَطِكَ.
اَللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ مُجِبَاتِ رَحْمَتِكَ, وَعَزَائِمَ مَغِفِرَتِكَ, وَسَلاَمَةَ مِنْ كُلِّ إِثْمٍ, وَالْغَنِيْمَةَ مِنْ كُلِّ بِرٍّ, وَالْفَوْزَ بِالْجَنَّةِ, وَالنَّجَاةَ مِنَ النَّأرِ.
اَلَّلهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْـفِـرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِيْنَ،
رَبَّنَا عَلَيْكَ تَوَكَلْنَا, وَاِلَيْكَ اَنَبْنَا, وَاِلَيْكَ الْمَصِيْرُ.
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
. وَصَلى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُوْنَ, وَسَلاَمٌ عَلَى الْمُرْسَلِيْنَ, وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ, يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 060618, 16.36)=-