Saturday, March 10, 2018

NGREKSA SHALAT NGREKSA AGAMA



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
 يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا.
يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيْثِ كِتَابُ اللهِ وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَرَّ اْلأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلُّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلُّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلُّ ضَلاَلَةٍ فِيْ النَّارِ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan pangan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing sadhéngah papan pundi kémawon lan wekdal punapa kémawon, mugi-mugi gesang kita tansah pinaringan karaharjan ing alam donya lan alam akhirat.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad salallahu ‘alaihi wa sallam, sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surat Al-Ankabut [29] ayat 45, makaten:
اِنَّ الصَّلاَةَ تَنْهَى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنْكَرِ, ......
Tegesipun: “….. Satemené shalat iku bisa nyegah saka (penggawé-penggawé) ala lan (lelakon) kang disengiti…... .” (QS. Al-Ankabut [29]: 45).
Ayat kasebat nedahaken bilih ibadah shalat punika saged nyegah saking tumindak keji lan tumindak mungkar. Manawi tiyang shalat dèrèng mikolih hikmahipun, temtu anggènipun shalat dèrèng dipuntindakaken kanthi sahé.
Ibadah shalat ingkang sahé punika shalat ingkang ndhèrèk tuntunanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam. Shalat ingkang dipuntindakaken kanthi nyempurnakaken syarat lan rukunnipun.
Kewajiban nindakaken shalat gangsal wekdal saben tiyang Islam punika ngemu suraos minangka pepémutipun Allah Subhanahu wa Ta’ala supados tiyang Islam tansah émut dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan ndadosaken émut dhateng dhawuh lan awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Lan inggih punika ing antawisipun hikmah dipunsyari’ataken nindakaken ibadah shalat.
Nalika tiyang Islam émut dhateng dhawuh lan awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila piyambakipun lajeng manahipun krentek badhé nindakaken dhawuh lan nilar awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Kanthi makaten ibadah shalat saged dados sarana komunikasi antawisipun satunggalipun makhluk dhateng Gusti Allah Pangéranipun.
Awit saking punika shalat mesthinipun kedah nggadhahi pangaribawa ingkang positif tumrap gesang lan panggesangan kita dhateng sesami. Émanipun, kita taksih mrangguli tiyang sregep shalat hananging taksih kémawon nindakaken kemungkaran lan pendamelan ingkang dipunsengiti déning agami. Ibadah ritual shalatipun boten nilar atsar (tilas) babar pisan.
Pramila lajeng wonten pangandikan, bilih tiyang ingkang boten sabaran, suwantenipun ndadosaken mrekitik ing manah lan ngabritaken kuping. Sawenèhing tiyang ngedika makaten: “Ladéné shalat jengkang-jengking, isih tumindak murang tata, padha wahé karo wong kang ora shalat.”
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Manawi kita mireng pangucap ingkang makaten kalawau, prayogi kita boten perlu lajeng éngal duka, dhadha lajeng sakit, talingan abrit. Hananging kita cekap ngendika kanthi atur ingkang sarèh: “Mbok menawa wahé shalaté si fulan durung bener. Manawa wis apik lan bener mesthi bakal bisa tumindak kang luwih mulya katimbang tumindaké kang wis kapungkur.”
Manawi kasunyatanipun makaten anggèn kita nindakaken shalat, pramila shalat kita lajeng boten badhé nggadhahi makna lan manfa’at sakedhik kémawon. Manawi anggèn kita nindakaken shalat namung formalitas kanggé ngguguraken kewajiban kémawon, pramila shalat kita boten badhé klebet dhateng éwonipun tiyang ingkang shalatipun sahé, dhèrèk tuntunanipun Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang ndadosaken margining kabagyan lan kamulyaning gesang kita ing dinten hisab bénjang.
Hadirin jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
إِنَّ أَوَّلَ مَا يُحَاسَبُ بِهِ الْعَبْدُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ مِنْ عَمَلِهِ صَلاَتُهُ, فَإِنْ صَلَحَتْ فَقَدْ أَفْلَحَ وَأَنْجَحَ, وَإِنْ فَسَدَتْ فَقَدْ خَابَ وَخَسَرَ.
“Satemené amalé kawula kang kawitan bakal dèn hisab ana ing dina Qiyamat yaiku shalaté. Lamun shalaté apik, mula dhèwèké bakal éntuk kabegjan lan kaslametan. Lamun shalaté rusak utawa ala, mula dhèwèké bakal kaduwung lan kapitunan.” (HR. Abu Hurairah).
Awit saking punika para Jama’ah Shalat Jum’ah rahimakumullah, sumangga kita hambudidaya ngreksa shalat kita, jalaran ngreksa shalat punika èstunipun  ngreksa agami kita. Kita reksa syarat rukunipun shalat, kita reksa wekdalipun shalat, kita reksa anggèn kita jama’ah shalat kanthi hambudidaya ndhèrèk takbir imam ingkang kawitan utawi takbiratul ihramipun imam.
Kanthi makaten mugi-mugi ibadah shalat kita saged hanjalari amal lan tumindak kita dados sahé.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 020317, 11.16)=-

NGGAYUH BALÉ GRIYA SAKINAH MAWADAH WA RAHMAH



السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلِّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita bagya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an surah Ar-Ruum [30] ayat 21:
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً ۚإِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
“Lan ing antarané tandha-tandha kekuwasaan-Né, hiya iku Penjenengané nitahaké kanggo sira kabèh bojo-bojo wadon saka awak ira kabèh dhéwé, supaya sira kabèh padha condhong lan ngrasa tentrem marang dhèwèké lan ndadèkaké ing antarané sira kabèh  rasa tresna lan welas asih. Sejatiné kang kaya mengkono iku yekti ana tandha-tandha tumprapé kaum kang padha mikir.” (QS. Ar-Ruum [30]:21).
Ayat kasebat paring pitedah dhumateng kita gegayutan kaliyan tujuwanipun pernikahan, inggih punika tumuju balé griya ingkang sakinah (tentrem), mawaddah (tresna),  lan rahmah (asih). Panggesangan balé griya sakinah mawaddah wa rahmah punika saged mawujud manawi pernikahan punika jangkep syarat lan rukunipun pernikahan. Manawi pernikahan punika sampun jangkep syarat-syarat lan rukun-rukunipun miturut tata cara agami Islam, pramila pernikahan punika dados sah.
Miturut pasal 2 ayat 1 UU No. 1 Tahun 1974 nedahaken bilih perkawinan punika sah manawi dipuntindakaken kanthi cara Islam. Inggih punika manawi jangkep lan ganep rukun-rukun lan syarat-syaratipun.
Wondènè ingkang kalebet rukun nikah inggih punika: 1. Wonten calon suami lan calon istri, 2. Wonten wali nikah tumrap calon istri, 3. Wonten saksi tiyang kalih, lan 4. Wonten ijab lan qabul.
Wondéné syarat-syarat nikah inggih punika: 1. Wonten pria lan wanita ingkang badhé nikah ingkang sanès mahram; sahé mahram jalaran keturunan, utawi pernikahan (perbésanan), utawi jalaran sepersusuan (nunggal suson) nalika taksih bayi, 2. Calon wanita sampun boten malih nggadhahi status istrinipun tiyang sanès, 3. Calon wanita boten nggadhahi wekdal iddah; wekdal kanggé nengga sasampunipun dipunfurqah (cerai) déning garwanipun, lan 4. Adhedhasar lila legawa saha boten peksan.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Manawi syarat-syarat lan rukun-rukun pernikahan kasebat sampun jangkep, pramila pernikahan kasebat sampun sah. Awit saking punika pernikahan “sirri” sanajan pernikahan punika sampun sah miturut tatacara agami, hananging dèrèng sah miturut tatacara pamerintahan. Perkawinan ingkang boten dipuncatet déning  Pegawai Pencatat Nikah boten hanggadhahi kekiyatan hukum.
Pasal 7 ayat 1 nyebataken bilih: “Perkawinan hanya dapat dibuktikan dengan Akte Nikah yang dibuat oleh Pegawai Pencatat Nikah.”
Awit saking punika pernikahan “sirri”  boten wonten jaminan saking pamarintah. Umpaminipun putra ingkang lahir boten pikantuk jaminan ingkang legal formal putra sah saking satunggalipun pernikahan. Putra lan istri boten pikantuk tunjangan saking suami, manawi bapak utawi garwanipun punika Pegawai Negeri Sipil (PNS). Lan akibat salajengipun putra kasebat saben wonten dokumen praja (negari) tansah boten saged nedahaken nami bapakipun, contonipun Akte Kenal Lahir. Ijazah PAUD (KB/TK), MI/SD, MTs/SMP, MA/SMA/SMK umpaminipun, tansah boten nyebataken naminipun bapanipun. Kados dokumen praja/negari tumrap laré ingkang lahir tanpa nikah.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Kados makaten wigatosipun pernikahan punika dipuntindakaken secara resmi kacathet wonten ing Pegawai Pencatat Nikah (PPN).
Miturut pasal 6 ayat 2 Kompilasi Hukum Islam ngandharaken bilih perkawinan ingkang dipuntindakaken tanpa Pengawasan Pegawai Pencatat Nikah boten nggadhahi kekiyatan hukum.
Wonten ing qaidah fiqh nyebataken:
مَا لاَ يَتِمُّ الْوَاجِبَ إِلاَّ بِهِ فَهُوَ وَاجِبٌ.
Tegesipun: “Sawijining kewajiban ora bisa sampurna, kajaba disengkuyung (ditopang) kanthi suwijining perkara, mangka suwijining perkara iku dadi wajib.”
Jumbuh kaliyan qaidah fiqh kasebat, pramila wontenipun saksi-saksi personal boten sampurna, kajawi dipunsengkuyung kanthi wontenipun pencatatan déning Pegawai Pencatat Nikah. Pramila pencatatan déning Pegawai Pencatat Nikah punika wajib ugi wontenipun kanggé nyempurnakaken wontenipun saksi ingkang kedah wonten.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Makaten khutbah ingkang saged kula aturaken wonten ing dinten Jum’ah siyang punika, mugiya wonten manfa’atipun tumrap kita kanggé salah satunggalipun sarana lomban gesang lan panggesangan kita, sahé gesang ing bale griya, lan gesang bebrayan ing masyarakat agung.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 020317, 16.06)=-