Wednesday, February 15, 2017

TUMUJU DHATENG AMPUNAN LAN SUWARGANIPUN ALLAH SWT.






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang Maha Mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambahi iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita bagya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wonten kalih perkawis ing panggesangan kita ingkang kedah kita tindakaken kanthi énggal-énggal, inggih punika nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan nyuwun suwargan-Ipun.
Kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَسَارِعُوا إِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ
Tegesipun: “Lan padha énggal-énggala sira kabèh (luru) marang pengampunan saka Pangéranira kabèh lan (luru) marang suwarga kang jembaré iku kaya jembaré langit lan bumi kang kacawisaké kanggo wong-wong kang padha taqwa.” (QS. Ali Imran [3]: 133).
Ayat kasebat sampun makaping-kaping kita midhangetaken, hananging kathah ing antawisipun kita kirang migatosaken saha nindakaken wonten ing panggesangan kita saben dintenipun.
Mesthinipun, manawi kita mirengaken lan mangertosi dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kita lajeng nindakaken dhawuh kasebat, nanging kasunyatanipun boten makaten, malah kapara nglirwakaken, lan boten kagigah manah kita nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kasebat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Wonten faktor panyebab ingkang ndadosaken tiyang punika boten énggal-énggal nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan nyuwun suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika:
1.      Manawi tiyang punika nggadhahi pemanggih lan rumaos bilih piyambakipun tansah leres boten naté lepat, lan tiyang sanés boten naté leres. Piyambakipun badhé nindakaken punapa kémawon inggkang dipunanggep leres. Piyambakipun badhé terus ngapusi, jalaran piyambakipun nggadhahi pemanggh bilih tumindakipun punika leres, sanajan tumindakipun nyengsarakaken tiyang sanés. Piyambakpiun namung nuruti hawa nafsunipun. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
فَلَا تَتَّبِعُوا الْهَوَىٰ أَنْ تَعْدِلُوا
Tegesipun: “Mangka sira aja mung nuruti hawa nefsu amarga kepingin tumidak kang ora bener.” (QS. An-Nisa’ [4]: 135).

Kathah tiyang ingkang ngutamakaken kapentinganipun pribadi lan golonganipun, nanging nglirwakaken kapetinganipun tiyang sanès.

2.      Manawi tiyang punika rumaos umuripun taksih dangu, lajeng nggadhahi pamanggih nyuwun pangapunten lan tobat punika dipunulur-ulur bénjang mawon manawi sampun pensiun utawi sampun sepuh. Piyambakipun supé manawi umur punika kagunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan boten wonten satunggalipun tiyang ingkang mangertosi bénjang punapa lan wonten pundi piyambakpiun badhé ajal. Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ مَاذَا تَكْسِبُ غَدًا ۖ وَمَا تَدْرِي نَفْسٌ بِأَيِّ أَرْضٍ تَمُوتُ ۚ

Tegesipun: “Lan ora ana siji-sijiya wong kang bisa mangertèni (kanthi mesthi) apa kang bakal katindakaké (nyambut gawé) ing dina sésuk. Lan ora ana siji-sijiya pawongan kang bisa mangertèni ing bumi ngendi dhèwèké bakal mati.” (QS. Luqman [31]: 34).

3.      Tiyang ingkang sanget anggènipun rakus dhumateng kadonyan. Manawi tiyang punika sanget anggènipun rakus dhateng kadonyan, punapa kémawon badhé dipunlampahi uger kasembadan pikantuk kadonyan kasebat, lan boten nggatosaken malih halal lan haramipun. Piyambakipun badhé terus rumaos kirang kémawon sanajan sampun pikantuk bandha donya kathah matumpuk-tumpuk. Wontenipun namung kirang kémawon.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:

اِعۡلَمُوۡۤا اَنَّمَا الۡحَيٰوةُ الدُّنۡيَا لَعِبٌ وَّلَهۡوٌ وَّزِيۡنَةٌ وَّتَفَاخُرٌۢ بَيۡنَكُمۡ وَتَكَاثُرٌ فِى الۡاَمۡوَالِ وَالۡاَوۡلَادِؕ
Tegesipun: “Mangertiya, setuhuné donya iki hamung dolanan lan guyonan kang nglalèkaké lan pepahès lan umuk-umukan ing antarané sira kabèh, lan akèh-akèhan bandha lan anak  … .” (QS. Al-Hadid [57]: 20).
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
لَوْ اَنَّ لِإِبْنِ اَدَمَ وَادِيًا مِنْ ذَّهَبٍ اَحَبَّ اَنْ يَكُوْنَ لَهُ وَادِيًا وَلَنْ يَمْلَأَفَهُ  اِلاَّ التُّرَبُ وَيَتُوْبُ
 اللهُ عَلَى مَنْ تَابَ. (رواه البخاري و مسلم).
Tegesipun: “Saumpama sawijining anak Adam (manungsa) nduwèni lembah emas siji  mesthi dhèwèké kepéngin duwèni lembah loro, lan ora ana kang bisa nutup tutuké (ora ana kang bisa ngendheg kerakusané marang kadonyané kajaba lemah [maut]). Lan Allah iku kersa Paring tobat marang sapa wahé kang gelem tobat.” (HR. Bukhari lan Muslim).
Islam pancèn boten ngawisi dhateng umatipun nggadhahi bandha ingkang kathah, namung kémawon kedah tansah ènget kados pundi caranipun pikantuk bandha punika lan dhumateng pundi bandha punika dipunblanjakaken. Sadaya kalawau kedah tansah dipunangen-angen supados boten kapusan déning kadonyan.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah Subhanahu wa Ta’ala,
Amrih kita pikantuk pangapuntenipun lan suwarganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, boten wonten sanès kita kedah hanebihi perkawis-perkawis ingkang ina lan njijiki kasebat. Saha kita kedah mbudidaya hanyaketi dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi nindakaken sadaya dhawuh-dhawuhipun lan nilar sadaya awisan-awisan-Ipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا تُوبُوا إِلَى اللَّهِ تَوْبَةً نَصُوحًا عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَنْ يُكَفِّرَ عَنْكُمْ سَيِّئَاتِكُمْ وَيُدْخِلَكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِنْ تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ
Tegesipun: “Hé wong-wong kang padha iman, padha tobata sira kabèh,  marang Allah kelawan tobat kang murni. Muga - muga Pengéran ira kabèh bakal nutupi kesalahan-kesalahan ira kabèh lan nglebokaké sira kabèh ing sajroning suwarga kang ana pira-pira bengawan padha mili ing ngisoré.” (QS. At-Tahrim [66]: 8).
Ing wasana mugi-mugi kita tansah pikantuk rahmat saking Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan saged énggal-énggal nyuwun pangapunten dhateng Allah Subhanahu wa Ta’ala lan suwargan-Ipun. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 091116, 13.25)=-

KHUTBAH 2 (KALIH)
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ.
أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ.
الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ.
اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.

-=(hms, 280916, 12.26)=-



KARAKTER PEMIMPIN MITURUT ISLAM






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten siyang punika, sumangga kita tansah hamemuji ke-Agunganipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang sampun nedahaken marginipun hidayah, sahingga kita dados tiyang ingkang hanggadhahi iman.
Shalawat lan salam dhumateng Rasulullah Muhammad Shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun dipunutus Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng sadaya alam kanthi pitedah lan agami ingkang leres.
Manut lan mituhu dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan boten maksiat dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun dados agenda saben tiyang Islam supados Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng paring pitulungan lan gampilaken rezki, saha paring solusi dhateng sadaya problema gesang ingkang mblenggu panggesangan kita. Janjinipun Allah Subhanahu wa Ta’ala wonten ing Al-Qur’an Al-Karim Surat Ath-Thalaq [65]: 2 lan 3:

...وَمَنْ يَتَّقِ اللهَ يَجْعَلْ لَّهُ مَخْرَجًا, وَيَرزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لاَيَحْتَسِبُ
“Sapa wongé kang taqwa marang Allah mesthi Penjenengané bakal ndadèkaké kajembaran kanggo dhèwèké. (2), Lan maringi rizki saka jurusan kang ora dèn kira-kirakaké.” (QS. Ath-Thalaq [65]: 2 lan 3).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Pemimpin punika satunggalipun tembung ing agami Islam dipunsebat Khalifah. Tembung khalifah dipunsebat wonten ing Al-Qur’an kanthi sumebar rambah kaping 9 (sanga); Khalifah kanthi wujud “Harfiyah” kaping 2, inggih punika;  Surat Al-Baqarah [2]: 30, Surat Shad [38]: 26. Khalifah wujud Jama’ “Khalaif” kaping 4, inggih punika; Surat Al-An’am [6]: 165, Surat Yunus [10]: 14 lan 73, Surat Fathir [35]: 39. Khalifah wujud Jama’ “Khulafa” kaping 3, inggih punika Surat Al-A’raf [7]: 69 lan 74, Surat An-Naml [27]: 62.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten ing ayat kasebat kanthi cetha nedahaken wigatosipun kalenggahan lan pangaribawanipun pemimpin utawi khalifah ing donya punika. Pemimpin minangka wakilipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, hanjejegaken kersanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala lan matrapaken katetepan-katetepanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Wakilipun Allah Subhanahu wa Ta’ala boten ateges  Allah Subhanahu wa Ta’ala boten kuwawi, nanging Allah Subhanahu wa Ta’ala kepareng badhé nguji dhateng para manungsa lan paring pakormatan dhumateng manungsa supados makmuraken bumi, ingkang manawi sampun titi wancinipun badhé dipunsuwun tanggel jawabipun.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kapemimpinan ingkang dipunpikulaken dhateng manungsa  hanggadhai teges kawenangan ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka jejeripun tiyang ingkang kedah makmuraken ing lumahing bumi. Awit saking punika pramila manungsa minangka dados pemimpin. Piyambakipun mesthi nindakaken hukum lan pranatan kanthi adil, hanebihi tumindak ingkang nuruti hawa nafsu. Punapa kémawon motifipun. Dados pemimpin praja, petani, polisi, politisi, lan sapanunggalanipun. Sinten kémawon ingkang nyalah ginakaken badhé nanggung akibatipun.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kanthi makaten pemimpin ingkang ideal punika pemimpin ingkang mangertosi lan memahami tugas kapemimpinanipun. Inggih punika pemimpin ingkang hanyerahaken dhiri pribadhinipun kanggé kasejahteraan lan kabagyanipun umat. Damel kawicaksanan boten kanggé kapentingan pribadi lan golonganipun, hananging kanggé bangsa lan generasi sapungkuripun. Bilih kabijakan politik, ekonomi, sosial kabudayan lan kawicaksanan pambangunan boten kanggé kapentingan pribadinipun. Hananging sadaya kalawau kanggé kelajenganipun bangsa lan negari.
Awit saking punika tugas kasebat boten mandheg wonten ing piyambakipun, pramila piyambakipun kedah nyawisaken kader minangka gantosipun Panjenenganipun. Dr. Hamim Ilyas, Wakil Ketua Majelis Tarjih PP Muhammadiyah ngendika: “Pemimpin sing apik kuwi yaiku pemimpin sing nyawisaké generasi sapungkuré”.
Miturut Prof. Dr. Muhammad Chirzin, Guru Besar Ilmu Al-Qur’an UIN Sunan Kalijaga Ngayogyakarta ngendika bilih sapérangan ageng jiwa lan karakter pemimpin ing Indonesia samangké punika sampun luntur. Panjenenganipun ugi ngendika: “Bangsa Indonesia saiki lagi nedheng-nedhengipun ngadhepi problem kapemimpinan wiwit hulu tumeka hilir”.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Mugi-mugi para pemimpin negari Indonesia tansah pikantuk pitedah lan rahmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Inggih pemimpin ingkang kawicaksanipun tansah ngutamèkaken kapentingan bangsa lan negari, pemimpin ingkang nyamektakaken kadher sapengkeripun, pemimpin ingkang produktif lan dinamis, saha tansah peduli lan handhatengaken manfaat ingkang kathah dhumateng ummat.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

KHUTBAH 2
اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ الْمَلِكُ الْحَقَّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, الْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصَحْابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
اللّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِ مُحَمَّدٍ فِى الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ  الْعَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ.
الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا. رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 041116, 06.45)=-




KASAÉNAN MBEKTA KATENTREMAN





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ, . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ, وَأَشْهَدُ أَنَّ مٌحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, صَادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْنُ. اَللَّهُمَّ صَلِّيْ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ, وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ, فَيَا عِبَادَ اللهِ, أُصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ, لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  قَالَ اللهُ تَعَالَى فِيْ الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Hamiwiti khutbah Jum’ah ing dinten punika, kula ngajak dhumateng diri pribadi kula piyambak lan ugi dhumateng jama’ah Jum’ah, sumangga kula dhèrèkaken sesarengan tansah syukur dhateng sadaya nikmat lan rahmat ingkang tansah dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita.
Pramila, sumangga kita ginakaken nikmat punika kanthi cara nambah ketaqwaan kita dhumteng Allah Subhanahu wa Ta’ala, nindakaken sadaya dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi ikhlas lan nebihi sadaya awisanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kanthi sabar.
Shalawat lan salam tansah kita aturaken dhumateng Junjungan kita Nabiyullah Muhammad shalallahu ‘alaihi wa sallam ingkang sampun  maringi tuladha panggesangan punika dhumateng kita.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa sallam ngendika:
وَعَنْ اَلنَوَّاسِ بْنِ سَمْعَانَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ: سَأَلْتُ رَسُولَ اَللَّهِ صَلَى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ عَنْ اَلْبِرِّ وَالْإِثْمِ؟ فَقَالَ:  اَلْبِرُّ حُسْنُ اَلْخُلُقِ, وَالْإِثْمُ مَا حَاكَ فِي صَدْرِكَ, وَكَرِهْتَ أَنْ يَطَّلِعَ عَلَيْهِ اَلنَّاسُ. (أَخْرَجَهُ مُسْلِمٌ).
Tegesipun: “ Hadits saking An-Nawwas bin Sam'an radhiyallahu 'anhu saking Nabi shallallahu 'alaihi wa sallam, Panjenenganipun ngendika: “ Tumindak becik iku akhlak kang becik, banjur dosa iku apa – apa kang kabayang ana ing jiwamu nanging sira  wedi diweruhi utawa dikonangi déning wong liya.” (HR. Muslim).
Ibnu Hajar Al-Haitamy ngendikakaken bilih “Al-Birr” punika mujudaken satunggalipun tembung ingkang hanggadhahi teges ingkang kathah (Kalimah Jami’ah). Lan punika mujudaken definisi ingkang langkung pas. Manawi tembung “Birr” (kasaénan) dipun-gabungaken kaliyan tembung “taqwa” kados dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala:
وَتَعَاوَنُوْا عَلَى الْبِرِّ وَالتَّقْوَى ... .
Tegesipun: “Lan becik padha tulung tinulunga sira (kanggo ngelakoni) kabecikan lan taqwa … .” .(QS. Al- Maidah [5]: 2).
Pramila “Birr” hanggadhahi teges sesrawungan kaliyan sesami tiyang kanthi budi pakerti ingkang saé. Salajengipun tegesipun taqwa inggih punika nindakaken dhawuh-dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala saha hanebihi sadaya pepacuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tembung “Birr” ugi saged dipuntegesaken nindakaken kewajiban. Lajeng tembung “taqwa” tegesipun hanebihi awisan-awisan.
Tembung “Itsm” tegesipun dosa, utawi tumindak ingkang boten halal. Al-Qurthuby ngendikakaken bilih “itsm” punika satunggalipun tumindak ingkang ndadosaken tiyang ingkang nindakaken pantes pikantuk cacat. Salajengipun Ibnu Hajar Al-Haitamy ngendikaken bilih “itsm” punika satunggalipun tembung ingkang nyakup sadaya tumindak awon, saé tumindak ingkang ageng utawi tumindak ingkang alit.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Wonten hadits kasebat ing nginggil Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam sampun paring katerangan bilih ciri-cirinipun “itsm”, inggih punika:
1.      Ingkang Batin; inggih punika satunggalipun perkawis ingkang boten dipunremeni lan ndadosaken kabimbangan saha karagu-raguan dhateng raosing manah dening satunggalipun tiyang. Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ngendika: “Dosa kuwi apa-apa kang ndadèkaké ragu-ragu ana ing jiwamu”. Tegesipun inggih punika sadaya perkawis ingkang ndadosaken ragu lan mamang wonten ing manah, saha ndadosaken manah boten ayem lan tentrem.
Èstunipun manahipun saben tiyang punika suci. Manah ingkang suci / resik punika mujudaken sumber kadamaian lan sumber katentreman. Jalaran piyambakipun parek / caket dhumateng Dzat Ingkang Maha Damai, Maha Tentrem. Hananging arikala tiyang punika tumindak maksiat, pramila èstunipun piyambakipun sampun ngregeti manahipun piyambak, ingkang pungkasanipun samsaya tebih saking Dzat ingkang Maha Damai lan Maha Tentrem. Ingkang salajengipun kadamaian lan katentreman ugi badhé tebih.

2.      Ingkang Lahir; Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ngendika: “Lan sira ora seneng dideleng wong liya sajroné sira nglakoni perkara iku”.
Kabencian tiyang-tiyang ingkang minulya mirsani tumindak punika nedahaken salah satunggalipun ciri bilih tumindak kasebat kalebet tumindak dosa. Kanthi syarat ingkang manjurung lan ndhasari kabencian punika faktor agami, utawi tumindak ingkang boten dipunkersakaken déning agami, boten sanèsipun.
Manawi satunggalipun tumindak punika saged nuwuhaken kabencianipun tiyang sanès, ndadosaken kabimbanganipun manah, lan ndadosaken sisahipun manah, pramila tumindak punika kalebet ciri-ciri ingkang cetha bilih tumindak punika kalebet “itsm”, punapa malih tumindak punika kalebet perkawis ingkang subhat.
Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam dhawuh: “Jaluka fatwa marang atimu”. Hadits punika paring pitedah bilih èstunipun fatwa ingkang taksih ndadosaken bimbangipun manah punika kalebet salah satunggalipun tumindak ‘itsm”, jalaran piyambakipun maringi fatwa namung kanthi hadhedhasar / wewaton dhateng perkawis ing lahir kéwala. Lan èstunipun fatwa ingkang leres lan kedah  dipunta’ati namung nash syari’at, sanajan nash kasebat boten dipunremeni déning manah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
فَلَا وَرَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ حَتَّىٰ يُحَكِّمُوكَ فِيمَا شَجَرَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ لَا يَجِدُوا فِي أَنْفُسِهِمْ حَرَجًا مِمَّا قَضَيْتَ وَيُسَلِّمُوا تَسْلِيمًا
Tegesipun: “Mangka karana Pangéranira, dhèwèké (sanyatané) ora padha iman nganti dhèwèké ndadèkaké seliramu minangka hakim tumrap perkara kang disengkétakaké, banjur dhèwèké ora ngrasa kabotan ana ing atiné marang keputusan kang sira wènèhaké, lan dhèwèké bisa nerima kanthi sanyatané.”  (QS. An-Nisa’ [4]: 65).
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Manah punika nggadhahi kadudukan ingkang inggil tumrapipun panggesanganipun tiyang, jalaran manah punika ageng sanget pangribawanipun tumrap tumindakipun tiyang. Manawi manah punika saé, faham lan mangertosi dhasar lan qaidah-qaidah agami, pramila hukum ingkang dipuntetepaken satunggalipun perkawis badhé leres, sanajan perkawis punika kalebet perkawis subhat.
Satunggalipun perkawis ingkang nentremaken manah punika mujudaken kasaénan, lan ingkang ndadosaken boten tentremipun manah punika mujudaken pendamelan ingkang awon. Saénipun, prayogi sanget sadaya perkawis punika nyuwun priksa dhumateng manah ingkang lebet sadèrèngipun tiyang punika badhé tumindak. Kados umpaminipun tiyang manggihi perkawis subhat, mamang lan sapanunggalanipun.
Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Ingkang kawastanan kasaénan punika sadaya tumindakipun tiyang ingkang dipuntresnani lan dipunridhoi déning Allah Subhanahu wa Ta’ala lahir lan bathinipun. Ingkang kawastanan dosa punika tembung ingkang teges lan maknanipun nyakup sadaya tumindak awon, saé ingkang ageng utawi ingkang alit.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ, وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 311016, 06.08)=-