Friday, January 13, 2017

TANGGAP WARSA HIJRIYAH 1438H






السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ, أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ: يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Inggih Allah punika Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi rizki dhumateng tiyang ingkang sami ngabekti, paring sandhang (wastra) lan tedhan (boga) dhumateng tiyang ingkang tansah ngumawula.
Shalawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi lan rasul pungkasan; Muhammad shalallahu ‘alaihi wa salam., sumrambah dhumateng para kulawarga, shahabat, lan para tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng Panjenenganipun. Amin.
Hadirin jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Boten dangu malih kita umat Islam badhé gantos anyar énggal 1438H. cethanipun Insya Allah tanggal 01 Muharram 1438H dhumawah dinten Ahad Kliwon tanggal 02 Oktober 2016M ingkang badhé dhateng.
Mapag warsa anyar Hijriyah punika boten wonten tuntunanipun ingkang gumathok déning Rasululullah shallallahu ‘ali’aihi wasalam. Lan manawi wonten  tuntunanipun saking Rasulullah shallallahu ‘aliahi wasalam mesthi kémawon para shahabat, para tabi’in lan para ulama salaf sapungkuripun  sampun mèngeti lan meriahaken. Hananging  ingkang kedah kita émut-émut punika kanthi tambahing wekdal kita samsaya caket ugi kaliyan maut utawi pejah.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Wonten ing satunggalipun mahfudzad (kata mutiara) ingkang pantes kita galih lan kita angen-angen inggih punika makaten ungelipun:
“Lamun sira ora mangerti sing arep mbok tandangi ana ing wektu ésuk,  mula luwih becik sira mati ana ing wektu bengi iki uga.”
Wonten ing kawitan warsa anyar punika prayogi kita sampun hanggadhahi program (rencana) ingkang badhé  kita tindakaken wonten ing saben-saben dhetikipun, sahingga wonten ing pungkasanipun warsa 1438H mangké kita saged hangévaluasi sapinten target ingkang kita programaken punika saged kita tindakaken.
Hangévaluasi hasil anggén kita nyambut damel punika mujudaken sapéranganipun saking  nindakaken dhawuhipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kados dhawuh-Ipun:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
“Hé wong-wong kang padha iman, padha taqwaha  marang Allah lan prayoga saben awak-awakan migatèkaké apa kang wus dilakoni kanggo dina mburi (akhirat), lan padha taqwaha marang Allah, satemené Allah Maha Pirsa kalawan apa wahé kang sira kabéh padha nglakoni.” (QS. Al-Hasyr [59]: 18).
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Kados umpaminipun, wonten ing warsa énggal 1438H punika kita nargètaken apal 1 juz saking juz 30 Al-Qur’an. Pramila kita kedah sampun hanggadhahi program, saben-saben dintenipun kita kedah sampun apal pinten ayat. Lan pinten menit saben dintenipun kita kedah hanyisihaken wekdal kanggé apalan lan wonten wekdal punapa kita kedah apalan lan tilawah.
Kita kedah tertib lan disiplin wekdal anggèn kita tahfidz lan muroja’ah saben dintenipun. Kita ugi kedah émut wekdal-wekdal ingkang kapengker, punapa wonten wekdal ingkang kliwatan boten tahfidz lan muraja’ah. Kita kedah mangertos punapa sebabipun boten tertib lan disiplin apalan lan muraja’ah.
Kita kedah tertib lan disiplin kados displin lan tertibipun para pengidhap penyakit TBC (Tuber Colusis utawi Batuk Berdarah) anggénipun ngunjuk obat.
Wonten wekdal ingkang sampun sakit TBC (Batuk Berdarah) dipunanggep satunggalipun penyakit ingkang boten saged dipunmantunaken lan boten saged dipunobati.
Hananging wonten ing wekdal samangké penyait TBC punika boten angel utawi sulit kanggé ngobati kanthi tuntas, manawi ingkang sakit kersa  ngunjuk obat kanthi tertib lan disiplin. Tiyang ingkang sakit TBC manawi kersa ngunjuk obat kanthi  disiplin wekdal routin 6 wulan laminipun saben dinten kanthi jadual wekdal ingkang sampun dipunjadwalaken kanthi ridhanipun Allah Subahanhu wa Ta’ala tiyang sakit TBC saged dipunsarasaken kanthi tuntas.
Kanggé njagi tertib lan disiplin wekdal prayogi sadaya kulawarga kedah hanyengkuyung supados anggènipun ngunjuk obat saged ajeg. Jalaran manawi sapisan kémawon boten tertib, tiyang ingkang sakit TBC kasebat kedah mangsuli saking nol malih.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Wonten mahfudzat malih ingkang dipunaturaken Tsun Zu, satunggalipun Jendral Perang ingkang misuwur ing legenda Tiongkok:
“Lamun sira paham rencanamu lan hamahami rencanané musuhmu, mula sira bakal bisa menangaké saben-saben peperanganmu. Lamun sira paham rencanamu nanging ora hamahami rencanané musuhmu, mula peluangmu menang padha gedhéné karo peluang kalahmu. Lamun sira ora hamahami rencanamu lan ora hamahami rencanané musuhmu, mula sira bakal kalah ana saben-saben peperanganmu.”
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Awit saking punika, mumpung kita taksih wonten ing awal warsa 1438H, wonten sahénipun manawi kita hanyobi muhasabah, ngawontenaken évaluasi kegagalan lan kasuksesan kita wonten ing warsa ingkang kapengker (1437H) ngiras pantes kita hangrencanakaken langkah-langkah wonten ing warsa samangké.
Tanpa rencana / program ingkang mateng, peluang sukses kita mesthi namung alit, lan saged ugi kita badhé gagal total, kita badhé gragapan, o… wis ganti tahun,  o … wis wektu ‘Ashar,  o … wis samsaya tuwa  wis gak bisa ngapa-ngapa, wis budheg,  wis bèsèran,  wis loyo, wis ga bisa maca.
Kita sampun nglirwakaken wekdal ingkang sampun dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, lan kita sampun mbucal wekdal saha lodhangan ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala. Jalaran pungkasanipun hanamung hanggetuni wekdal ingkang sampun kalampahan. Pungkasanipun kita dados tiyang ingkang kapitunan ing alam donya lan alam akhirat.
Jama’ah Jum’ah ingkang tansah dipunmulyakaken Allah SwT.
Ing wasana sumangga kita ginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala, inggih punika 365 dinten saben satunggal tahunipun, 24 jam saben satunggal dintenipun, lan 60 menit saben-saben jamipun, kanthi program ingkang sahé lan boten supé kita nyadhong pitulungan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi ing pungkasanipun warsa 1438H kita dipunparingi suksés, widada, kalis ing rubéda, nir ing sambikala.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 220916, 16,13)=-



Khutbah 2
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا,مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. قَالَ اللهُ تَعَالى فِيْ الْقُرأَنِ الْكَرِيْمِ: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. يَآيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوْا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَآيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا اتَّقُوْأ اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا, يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْلَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوُلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.  
وَقَالَ اَيْضًا: إِنَّ اللهَ وَمَلَئِكَتَهُ يُصَلُوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَآيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِمُ تَسْلِمًا. الَلَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمُ عَلَى مُحَمّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَلْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ.
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعْوَاتِ. أَللَّهُمَّ اغْفِرْلَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بِالْإِيْمَانِ, وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاً لِلَذِيْنَ آمَنُوْا, رَبَّنَا إِنَّكَ رَءُوْفٌ رَحِيْمٌ. أَللَّهُمَّ رَبَّنَا اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَاِسْرَافَنَا فِيْ اَمْرِنَا, وَثَبِّتْ أَقْدّامَنَا, وَانْسُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ. الَّلهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُوْكَ مِنْ فَضْلِكَ وَرَحْمَتِكَ, فَإِنَّهُ لاَيَمْلِكُ إِلاَّ اَنْتْ. الَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مِنَ الرَّاكِعِيْنَا السَّاجِدِيْنَ الْخَاسِعِيْنَ فِى الْمَسَاجِدِ. اَلَّلهُمَّ اجْعَلْنَا مُقِيْمِي الصَّلاَةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِنَا, رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءَنَا.  
رَبَّنَا ءَاتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي اْلآخَرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.
وصلى الله على نبينا محمد وعلى اله وصحبه أجمعين.
سُبْحَانَ رَبِّكَ رَبِّ الْعِزَّةِ عَمَّا يَصِفُونَ وَسَلَامٌ عَلَى الْمُرْسَلِينَ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.

عِبَادَ اللهِ, اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَاِيْتَائِ ذِى الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَخْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذّكَرُوْنَ, وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ.
-=(hms, 220916, 23)=-




NGÉTANG WEKDAL GESANG





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita bagya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Manawi kita badhé ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kita yakin boten badhé saged ngétang menggah sapinten gunggungipun nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang dipunparingaken dhumateng kita.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-Karim:
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Tegesipun: “Lan kalamun sira kabéh ngétung-étung nikmaté Gusti Allah mesthi sira kabéh tan bisa nemtokaké gunggungé. Sejatiné Gusti Allah iku yekti Dzat kang Agung pangapurané tur Agung welasé.” (QS. An-Nahl [16]:18).
Manawi kita ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kita pancèn boten badhé saged ngétang kanthi leres. Hananging sumangga kita wonten ing wekdal samangké kita hanyobi ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang cetha lan sampun mesthi, inggih punika nikmat umur.
Ngétang umur punika kathah-katahipun tiyang sami ajrih, jalaran badhé hanginsyafaken utawi hanyadharaken badhé dhatengipun watesing gesang utawi dhatengipun ajal (maut).
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Ngétang umur punika tansah ngémutaken badhé dhatengipun ajal (maut). Hananging punapa leres bilih ajal utawi pejah punika mesthi kedah dipunajrihi?. Hambokbilih jawabipun, inggih. Dhatengipun ajal utawi pejah pramila pancèn kedah dipun-ajrihi, jalaran sasampunipun pejah kita badhé hangadhepi perkawis ageng sapungkuripun kita pejah. Perkawis ingkang ageng inggih punika badhé dhatengipun papan ingkang langgeng tanpa winates.
Kita badhé gesang wonten ing papan ingkang langgeng punika badhé begya mulya punapa badhé cilaka, sedaya kalawau namung badhé kita temtokaken sadèrènipun kita pejah. Sasampunipun kita pejah, kita namung saged ngundhuh amal nalika kita gesang.
Awit saking punika, ajal mujudaken perkawis ingkang kedah kita gatosaken saèstu, punapa sampun cekap sangu kita. Punapa sampun èstu-èstu anggèn kita hangginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala kanggé gesang ingkang langgeng.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Umuripun manungsa punika watawis 60 (suwidak) ngantos 80 (wolung dasa) warsa. Manawi umuripun 70 (pitung dasa) warsa kadosipun sampun cekap, miturut para tiyang bebakulan, jalaran umur ingkang tengah-tengah.
Raosipun yuswa 70 (pitung dasa) tahun punika kadosipun sampun cekap. Yuswa 70 tahun punika manawi dipunsuda wekdal kanak-kanak; wekdal sadèrèngipun akil baligh, kirang langkung 15 (gangsal welas) tahun. Pramila wekdal kanggé pados sangu bénjang wonten ing zaman kelanggengan watawis 55 (sèket gangsal) tahun.
Manawi dipunétang kanthi gunggungipun dinten watawis 20.075 (kalih dasa èwu pitung dasa gangsal) dinten = 482.136 (sekawan atus wolung dasa kalih èwu. Satus tigang dasa enem) jam = 28. 928. 160 (wolu likur yuta sangang atus wolu likur èwu satus suwidak) menit.
Para sadhèrèk, kadosipun cekap dangu nggih?. Hananging punapa leres wekdal 28.928. 160 menit punka kita ginakaken kanggé pados sangu gesang kita ingkang langgeng. Kados kathah-kathahpipun tiyang, sepalih saking saking wekdal punika dipunbucal lan dipun-ginakaken kanggé perkawis ingkang kirang bekta manfaat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Manawi kita tilem 8 (wolung) jam saben dintenipun, pramila kita sampun mbucal 1/3 (sapratiga) gesang kita namung kanggé tilem, watawis 19 (sangalas) tahun wekdal gesang kita namung kanggé tilem.
Salajengipun kita bandhingaken wekdal kita kanggé ngibadah shalat ingkang kirang langkung 5 (gangsal) menit. Hanamung watawis 25 (selangkung) menit saben-saben dintenipun, lan numung 182 (satus wolung dasa kalih) jam saben tahunipun, lan hanamung 1 (satunggal) tahun langkung sakedhik selaminipun gesang kita wekdal ingkang kanggé ngibadah shalat.
Èstu boten sebandhing lan seimbang wekdal kita kanggé ngibadah shalat kaliyan wekdal kita kanggé tilem (1 tahun kabandhing 19 tahun). Punika tiyang ingkang saré 8 (wolung) jam saben dintenipun. Lajeng manawi tiyang ingkang remenipun wegah-wegahan wonten ing  dipan papan pasaréan, gunggungipun mesthi inggih badhé bènten.
Manawi dipunsuda wekdal kanggé tilem ingkang 8 (wolung) jam kalawau, saben dintenipun kita taksih hanggadhahi wekdal watawis 16 (enembelas) jam. Punapa leres 16 (enem belas) jam kalawau kita ginakaken kanggé tumindak lan makarya ingkang manfaat.
Sapinten wekdal ingkang kita ginakaken kanggé mirsani sinétron, mirsani gosip selebritis, maos Koran, shalat sunnat, handhatengi majelis taklim, tadarus lan tadabur Al-Qur’an, lan pados pangupa jiwa kanggé hanyekapi kabetahan kulawarga.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Awit saking punika, mumpung taksih wonten wekdal, sumangga kita ngétang wekdal sadaya tumindak kita saben dintenipun inkang kita tindakaken punika kanthi jujur. Pinten menit wekdal kita ingkang kita bucal kanthi muspra boten wonten gina lan manfaatipun, lan pinten menit wekdal ingkang èstu-èstu kita manfaataken.
Tiyang sanès boten pirsa derajat manfaat saking pendamelan lan aktivitas ingkang kita piji. Hanamung awak pribadi kita piyambak-piyambak ingkang langkung pirsa manfaatipun wekdal ingkang sampun dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita kanggé hanyekapi kabetahan gesang kita bénjang ingkang langgeng tanpa winates inggih woten ing akhirat mangké.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Sadaya tiyang dipunparingi wekdal ingkang sami déning Allah Subhanahu wa Ta’ala 24 (sekawan likur) jam saben dintenipun. Pilihan kita ngisi wekdal 24 (sekawan likur) jam punika ingkang badhé nemtokaken préstasi kita wonten ing alam donya lan préstasi kita wonten ng alam akhirat.
Ing wasana sumangga kita handedonga nyuwun pitulungan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi kita saged manfaataken wekdal ingkang dipunparingaken dhumateng kita punika kanthi sasahé-sahénipun, supados wangsul kita marak sowan dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala boten kalebet tiyang ingkang kapitunan.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 290916, 11.04)=-