Friday, January 13, 2017

NGÉTANG WEKDAL GESANG





السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ, نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِي الْقُرْآنِ الْكَرْمِ:
يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Hadirin Jama’ah Jum’ah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang  lepas saking pamirsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipunlampahi sadaya makhluk-Ipun.
Sumangga kita hambudidaya nambah iman lan taqwa kita dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi gesang kita bagya mulya wiwit ing alam donya punika ngantos bénjang ing alam akhirat mangké.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah shalallahu ‘alaihi wa salam ingkang sampun maringi tuntunan gesang, lan tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Manawi kita badhé ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala kita yakin boten badhé saged ngétang menggah sapinten gunggungipun nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang dipunparingaken dhumateng kita.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an Al-Karim:
وَإِنْ تَعُدُّوا نِعْمَةَ اللَّهِ لَا تُحْصُوهَا ۗ إِنَّ اللَّهَ لَغَفُورٌ رَحِيمٌ
Tegesipun: “Lan kalamun sira kabéh ngétung-étung nikmaté Gusti Allah mesthi sira kabéh tan bisa nemtokaké gunggungé. Sejatiné Gusti Allah iku yekti Dzat kang Agung pangapurané tur Agung welasé.” (QS. An-Nahl [16]:18).
Manawi kita ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, kita pancèn boten badhé saged ngétang kanthi leres. Hananging sumangga kita wonten ing wekdal samangké kita hanyobi ngétang nikmatipun Allah Subhanahu wa Ta’ala ingkang cetha lan sampun mesthi, inggih punika nikmat umur.
Ngétang umur punika kathah-katahipun tiyang sami ajrih, jalaran badhé hanginsyafaken utawi hanyadharaken badhé dhatengipun watesing gesang utawi dhatengipun ajal (maut).
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Ngétang umur punika tansah ngémutaken badhé dhatengipun ajal (maut). Hananging punapa leres bilih ajal utawi pejah punika mesthi kedah dipunajrihi?. Hambokbilih jawabipun, inggih. Dhatengipun ajal utawi pejah pramila pancèn kedah dipun-ajrihi, jalaran sasampunipun pejah kita badhé hangadhepi perkawis ageng sapungkuripun kita pejah. Perkawis ingkang ageng inggih punika badhé dhatengipun papan ingkang langgeng tanpa winates.
Kita badhé gesang wonten ing papan ingkang langgeng punika badhé begya mulya punapa badhé cilaka, sedaya kalawau namung badhé kita temtokaken sadèrènipun kita pejah. Sasampunipun kita pejah, kita namung saged ngundhuh amal nalika kita gesang.
Awit saking punika, ajal mujudaken perkawis ingkang kedah kita gatosaken saèstu, punapa sampun cekap sangu kita. Punapa sampun èstu-èstu anggèn kita hangginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala kanggé gesang ingkang langgeng.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Umuripun manungsa punika watawis 60 (suwidak) ngantos 80 (wolung dasa) warsa. Manawi umuripun 70 (pitung dasa) warsa kadosipun sampun cekap, miturut para tiyang bebakulan, jalaran umur ingkang tengah-tengah.
Raosipun yuswa 70 (pitung dasa) tahun punika kadosipun sampun cekap. Yuswa 70 tahun punika manawi dipunsuda wekdal kanak-kanak; wekdal sadèrèngipun akil baligh, kirang langkung 15 (gangsal welas) tahun. Pramila wekdal kanggé pados sangu bénjang wonten ing zaman kelanggengan watawis 55 (sèket gangsal) tahun.
Manawi dipunétang kanthi gunggungipun dinten watawis 20.075 (kalih dasa èwu pitung dasa gangsal) dinten = 482.136 (sekawan atus wolung dasa kalih èwu. Satus tigang dasa enem) jam = 28. 928. 160 (wolu likur yuta sangang atus wolu likur èwu satus suwidak) menit.
Para sadhèrèk, kadosipun cekap dangu nggih?. Hananging punapa leres wekdal 28.928. 160 menit punka kita ginakaken kanggé pados sangu gesang kita ingkang langgeng. Kados kathah-kathahpipun tiyang, sepalih saking saking wekdal punika dipunbucal lan dipun-ginakaken kanggé perkawis ingkang kirang bekta manfaat.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Manawi kita tilem 8 (wolung) jam saben dintenipun, pramila kita sampun mbucal 1/3 (sapratiga) gesang kita namung kanggé tilem, watawis 19 (sangalas) tahun wekdal gesang kita namung kanggé tilem.
Salajengipun kita bandhingaken wekdal kita kanggé ngibadah shalat ingkang kirang langkung 5 (gangsal) menit. Hanamung watawis 25 (selangkung) menit saben-saben dintenipun, lan numung 182 (satus wolung dasa kalih) jam saben tahunipun, lan hanamung 1 (satunggal) tahun langkung sakedhik selaminipun gesang kita wekdal ingkang kanggé ngibadah shalat.
Èstu boten sebandhing lan seimbang wekdal kita kanggé ngibadah shalat kaliyan wekdal kita kanggé tilem (1 tahun kabandhing 19 tahun). Punika tiyang ingkang saré 8 (wolung) jam saben dintenipun. Lajeng manawi tiyang ingkang remenipun wegah-wegahan wonten ing  dipan papan pasaréan, gunggungipun mesthi inggih badhé bènten.
Manawi dipunsuda wekdal kanggé tilem ingkang 8 (wolung) jam kalawau, saben dintenipun kita taksih hanggadhahi wekdal watawis 16 (enembelas) jam. Punapa leres 16 (enem belas) jam kalawau kita ginakaken kanggé tumindak lan makarya ingkang manfaat.
Sapinten wekdal ingkang kita ginakaken kanggé mirsani sinétron, mirsani gosip selebritis, maos Koran, shalat sunnat, handhatengi majelis taklim, tadarus lan tadabur Al-Qur’an, lan pados pangupa jiwa kanggé hanyekapi kabetahan kulawarga.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Awit saking punika, mumpung taksih wonten wekdal, sumangga kita ngétang wekdal sadaya tumindak kita saben dintenipun inkang kita tindakaken punika kanthi jujur. Pinten menit wekdal kita ingkang kita bucal kanthi muspra boten wonten gina lan manfaatipun, lan pinten menit wekdal ingkang èstu-èstu kita manfaataken.
Tiyang sanès boten pirsa derajat manfaat saking pendamelan lan aktivitas ingkang kita piji. Hanamung awak pribadi kita piyambak-piyambak ingkang langkung pirsa manfaatipun wekdal ingkang sampun dipunparingaken Allah Subhanahu wa Ta’ala dhumateng kita kanggé hanyekapi kabetahan gesang kita bénjang ingkang langgeng tanpa winates inggih woten ing akhirat mangké.
Hadirin Jama’ah Ju’mah ingkang dipunmulyakaken Allah SwT.
Sadaya tiyang dipunparingi wekdal ingkang sami déning Allah Subhanahu wa Ta’ala 24 (sekawan likur) jam saben dintenipun. Pilihan kita ngisi wekdal 24 (sekawan likur) jam punika ingkang badhé nemtokaken préstasi kita wonten ing alam donya lan préstasi kita wonten ng alam akhirat.
Ing wasana sumangga kita handedonga nyuwun pitulungan dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, mugi-mugi kita saged manfaataken wekdal ingkang dipunparingaken dhumateng kita punika kanthi sasahé-sahénipun, supados wangsul kita marak sowan dhumateng ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala boten kalebet tiyang ingkang kapitunan.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ

-=(hms, 290916, 11.04)=-

Sunday, October 2, 2016

AL-QUR’AN MINANGKA PITEDAH TUMRAP MANUNGSA



AL-QUR’AN MINANGKA PITEDAH TUMRAP MANUNGSA

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun. Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Saben-saben dhaerah utawi negari wonten satunggalipun cara kados pundi anggenipun badhe ngayomi dhumateng konsumenipun. Pramila dhaerah utawi negari majibaken dhumateng saben-saben produsen nyempurnakaken barang produkipun kanthi ngedalaken satunggaling pedoman kangge ngginakaken produkipun. Pedoman utawi pitedah kangge ngginakaken produk punika kawastanan ”Manual Book”. Inggih wonten ing “Manual Book” punika kanthi ringkes nedahaken kados pundi caranipun ngginakaken produkipun; punapa ingkang kedah dipunlampahi, punapa ingkang kedah dipuntilar, lan pitedah sanes ingkang kedah dipunmangertosi konsumenipun. Otoritas ingkang ndamel “Manual Book” punika wonten ing astanipun produsen, jalaran piyambakipun ingkang langkung mangertosi barang-barang produkipun. Pancen saged kemawon tiyang sanes mangertosi saperangan isi produk kasebat, nanging mesthi kemawon produsenipun ingkang langkung mangertosi. Lan inggih produsen punika ingkang langkung nggadhahi hak ndamel “Manual Book” punika.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Manawi manungsa lan sadaya isi alam ingkang gumelar punika titahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala, pramila Panjenenganipun ingkang langkung kagungan hak lan otoritas ndamel “Manual Book” kasebat. Panjenenganipun ingkang langkung priksa kados pundi cara nylametaken manungsa lan sadaya alam ingkang gumelar punika.
Panjenengnipun ingkang langkung mangertosi margining ngagesang ingkang kedah dipunlampahi dening manungsa, amrih gesangipun wilujeng lan begja. Kanthi “Manual Book” para manungsa boten pados-pados pitedah malih. Boten ragu lan mamang malih, jalaran margining ngagesang sampun cetha, arahipun sampun mesthi, lan para manungsa kantun manut lan mituhu pitedah ingkang sampun wonten.
Gambaran “Manual Book” punika ingkang kawastanan “Al-Qur’an”. Allah Ingkang Maha Nitahaken sampun ndamel pitedah margining ngagesang ingkang kedah dipunlampahi dening manungsa. Margining ngagesang ingkang ndadosaken manungsa wilujeng lan begja mulya ing donya lan ing akhirat. Allah Subhanahu wa Ta’ala sampun maringi garansi dhumateng manungsa, manawi manut lan mituhu ndherek pitedah kados ingkang sampun kaserat wonten ing “Manual Book”, pramila dipunjamin boten badhe sasar salami-laminipun. Garansi punika boten namung dipunwatesi setahun kalih tahun, utawi gansal tahun, kados lazimipun produksinipun manungsa. Garansi ingkang dipundamel dening Allah Subhanahu wa Ta’ala punika lumampah ngantos salaminipun.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing Al-Qur’an:
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِي أُنزِلَ فِيهِ الْقُرْآنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنَاتٍ مِّنَ الْهُدَىٰ وَالْفُرْقَانِ  
“(Dina-dina kang wis ditemtokake hiyaiku) wulan Ramadlan, kang ana ing wulan iku diudhunake (kawitane) Al-Qur’an, minangka dadi pituduh tumrap para manungsa lan dadi tandha kang cetha rupa pituduh lan rupa dhawuh-dhawuh kang mbedakake (antara perkara kang bener lan perkara kang salah).” (QS. Al-Baqarah [2]: 185).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling  sadaya “Manual Book” ingkang wonten. Kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling sadaya kitab lan waosan saha pawartos punapa kemawon. Pawartos Al-Qur’an kedah kita yakini tinimbang kitab-kitab sanesipun. Pawartos sanesipun Al-Qur’an boten kenging kita papanaken wonten ing sanginggiling pawartos Al-Qur’an, jalaran beneripun Al-Qur’an punika mutlak, langkung otentik, lan langkung sampurna. Punika sebabipun Al-Qur’an kedah kita papanaken wonten ing sanginggiling kitab lan waosan punapa kemawon. Kita kedah pitados lan boten kenging ragu lan mamang-mamang malih dhumateng Al-Qur’an. Tiyang ingkang taksih ragu lan mamang dhumateng beneripun Al-Qur’an kedah enggal nyuwun pangapunten dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, jalaran piyambakipun sampun tumindak duraka. Piyambakipun punika sampun ngalih posisi saking Muslim ngalih dhateng Kafir (QS. 5:44), dlalim (QS. 5: 45), lan fasik (QS. 5:47).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah Subhanahu wa Ta’ala badhe njamin dhumateng tiyang ingkang cepengan kanthi kiyat dhumateng pitedahipun, inggih punika piyambakipun boten badhe nggadhahi raos khawatir lan susah.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِنِّي هُدًى فَمَنْ تَبِعَ هُدَايَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Ing tembe yen sira ketekanan pituduh saking Ingsun, mangka sing sapa wonge gelem manut marang pituduh Ingsun, temtu ora ana was-was tumrap dheweke, lan (uga) ora bakal susah". (QS. Al-Baqarah [2]: 38).

Wonten ing ayat sanes ingkang nunggal maksud Allah Subhanahu wa Ta’ala  dhawuh:
فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ مِنِّي هُدًى فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلا يَضِلُّ وَلا يَشْقَى 
“Mula kalamun teka marang sira kabeh pituduh saka ngersaningsun, banjur sapa wonge manut marang pituduh Ingsun, dheweke ora bakal kesasar lan ora bakal cilaka.(QS. Thaahaa [20]: 123).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang boten purun ngangge pitedahipun Al-Qur’an, piyambakipun kagolong dhumateng tiyang ingkang gumedhe. Lan jalaran anggenipun gumedhe punika gesangipun badhe cilaka. Piyambakipun badhe gesang sangsara wiwit ing donya ngantos benjang wonten ing akhirat. Piyambakipun badhe nandhang wuta ing donya lan badhe nandhang wuta wonten ing akhirat.
Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh:
 كَلَّآ إِنَّ ٱلْإِنسَٰنَ لَيَطْغَىٰٓ ﴿٦﴾ أَن رَّءَاهُ ٱسْتَغْنَىٰٓ ﴿٧﴾
6. Mangertiha! Satemene manungsa iku yekti lacut.
7. Jalaran dheweke weruh awake sarwa cukup.” (QS. Al-‘Alaq [96]: 6-7).

Allah Subhanahu wa Ta’ala dhawuh wonten ing ayat sanes:
وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَى
“Lan sing sapa wonge mengo saka pituduh Ingsun, mula satemene tumrap dheweke kahuripan kang rupek, lan Ingsun bakal ngumpulake dheweke ana ing dina kiyamat kanthi kahanan wuta." (QS. Thaahaa [20]: 124).

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Tiyang ingkang tansah mirengaken Al-Qur’an (istima’), ngangen-angen (ntadaburi) Al-Qur’an kanthi saestu, Insya Allah manah badhe kabuka lan saged  nampi pitedahipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Tiyang ingkang sinau lan mbudidaya ngafalaken Al-Qur’an, Insya Allah ugi badhe gampil, jalaran kalimah-kalimah, huruf-huruf, susunan kalam, lan gaya basa (uslub) Al-Qur’an jumbuh kaliyan fitrahipun manungsa. Allah Subhanahu wa Ta’ala badhe maringi margi kanthi gampil dhumateng kawulanipun ingkang nyinau Al-Qur’an.
Kasebat wonten ing Al-Qur’an: QS. Al-Qamar [54]: 17, 22, lan 40.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ

17. Mula satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka dadi tuladha, mula endi wong kang karep njupuk tuladha?.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ

22. Mula satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka dadi tuladha, mula endi wong kang karep njupuk tuladha?.
وَلَقَدْ يَسَّرْنَا الْقُرْآنَ لِلذِّكْرِ فَهَلْ مِنْ مُدَّكِرٍ

40. Lan satemene wus Ingsun gampangake Al-Qur’an minangka tuladha; mula ana ta wong kang gelem ngalap tuladha?.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mugi-mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala maringi margi ingkang gampil kangge sinau la ngamalaken sadaya pitedahipun Al-Qur’an.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.


-=(hms, 021016, 14,21)=-