Wednesday, July 13, 2016

NGAMAL KESAHÉNAN INGKANG MUSPRA




السلام عليكم ورحمة الله وبركته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهْ وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ الله وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنِ اهْتَدَى بِهُدَاهُ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَآءً وَاتَّقُوا اللهَ الَّذِيْ تَسَآءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَامَ إِنَّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ وَقُوْلُوْا قَوْلاً سَدِيْدًا. يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللهَ وَرَسُوْلَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيْمًا.
أَمَّا بَعْدُ؛ فَإِنَّ أَصْدَقَ الْحَدِيثِ كِتَابُ اللهِ، وَخَيْرَ الْهَدْيِ هَدْيُ مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَشَّرَ الأُمُوْرِ مُحْدَثَاتُهَا وَكُلَّ مُحْدَثَةٍ بِدْعَةٌ وَكُلَّ بِدْعَةٍ ضَلاَلَةٌ وَكُلَّ ضَلاَلَةٍ فِي النَّارِ.
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Puji syukur tansah kita aturaken  dhumateng Allah SwT. ingkang mirsani sadaya ingkang kasat mripat lan ingkang ghaib, boten wonten ingkang lepas saking pamirsanipun Allah SwT. dhateng sadaya ingkang badhé dipunlampahi lan ingkang sampun dipun lampahi sadaya makhluk-Ipun.
Shalawat lan salam kita aturaken dhumateng junjungan kita Rasulullah saw. ingkang sampun maringi tuntunan gesang, tuladha ingkang sahé dhumateng sadaya umat.
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Anuju satunggaling dinten Atha’ As-Salami, panjenengapun punika kalebet shahabat Tabi’in hanggadhahi seja badhé sadé kain ingkang sampun dipuntenun. Sasampunipun dipuntingali dénéng satunggalipun saudagar kain, Sang saudagar kain lajeng paring pangandikan dhumateng Atha’. Makaten atur pangandikanipun: “Dhuh Atha’, sajatiné kain tenunmu iki lumayan apik, nanging éman banget ana ciriné, sahingga yèn aku dikon tuku ora bisa.”
Atha’ sasampunipun mirengaken atur pangandikanipun Sang Saudagar kalawau lajeng kèndel sawatawis nggalih lan lajeng muwun. Mirsani Atha’ muwun, Sang Saudagar lajeng ngedika malih: “Atha’ shahabatku! Aturku marang sliramu iku kanti atur kang samesthiné, Pancèn kainmu iku ana cacaté handadèkaké aku ora bisa tuku. Nanging manawa tangismu iku jalaran kain kang ciri iku, aku tetep bisa nuku kanti rega kang murwat.”
Midhanget  atur pangandikanipun Sang Saudhagar kalawau lajeng Atha’ matur: “Dhuh shahabat kawula! Panjenengan kinten manawi anggén kawula nangis punika jalaran kain ingkang ciri punika?. Nyaosi priksa bilih anggèn kawula nangis boten jalaran kain punika. Kawula nangis jalaran kawula kinten kain ingkang kawula damel pinten-pinten wulan punika boten wonten cirinipun, hananging wonten ing ngarsa panjenengan minangka ahlinipun kasunyatanipun wonten ciri lan cacatipun.”
“Makaten kawula nangis wonten ngarsanipun Allah Ta’ala jalaran kawula kinten ngamal ngibadah kawula ingkang sampun kawula lampahi salami tahun matahun punika wonten cacatipun, mokal wonten ngarsanipun Allah Subhanahu wa Ta’ala minangka ahlinipun wonten cacatipun, punika ingkang hanjalari kawula punika lajeng nangis.”
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Kisah kasebat ing nginggil maujudaken tadabur saking dhawuhipun Allah SwT.:
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ (١) وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ (٢) عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ (٣) تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً (٤)
“Apa wus teka marang seliramu kabar (ngenani) dinané nampa piwales? [1]. Rahi-rahiné (wong-wong) akèh ing dina iku padha tundhuk ina [2]. Banget kangélan lan payah,[3]. Padha kacemplung geni kang banget panasé (neraka) [4]. (QS. Al-Ghasyiyah [88]: 1-4).
Para sedhèrèk ingkang kawula hormati laningkang tansah dipunrahmati Allah Ta’ala,
Kéngéng punapa piyambakipun wonten ing Neraka?. Piyambakipun sregeb ngibadah, namung kèmawon sedaya muspra tanpa gina, malah kepara jalari mlebet Neraka. Punapa Allah Ta’ala dlolimi piyambakipun?. Temtunipun kémawon boten jalaran Allah Ta’ala boten naté dlolimi dhayeng kawulanipun. Allah Ta’ala ngaramaken dhateng pribadinipun dlolimi dhumateng kawulanipun. Lajeng punapa sebabipun?. Sebabipun, piyambakipun salah anggènipun ngibadah manembah dhumateng Allah  Ta’ala. Piyambakipun nyambut damel ing ngalam donya, nanging nindakaken pandamelan maksiat lan sedaya pendamelan ingkang Allah boten ridla, sahingga pungkasanipun dipunlebetaken ing Neraka ingkang latunipun mulat-mulat, mbakar lan musnahaken.
Ing ngalam donya punika, kathah tiyang ingkang nyambut damel lan ngibadah kanti susah payah ngupados ganjaran, hananging kanti keyakinan lan kapitadosan ingkang sasar, ngibadah kanti cara ingkang salah, nyambut damel kanti ngaya, nanging pungkasipun mlebet Neraka. Piyambakipun boten puas dhateng dhawuhipun Allah SwT. lumantar Rasul-Ipun, lajeng damel tata cara ingkang cengkah lan bènten kaliyan Al-Qur’an lan As-Sunnah. Kasunyatanipun taksih kathah tiyang Islam ingkang salah mahami agami Islam. Allah SwT. dhawuh:
قُلْ هَلْ نُنَبِّئُكُمْ بِالْأَخْسَرِينَ أَعْمَالًا,(103) الَّذِينَ ضَلَّ سَعْيُهُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَهُمْ يَحْسَبُونَ أَنَّهُمْ يُحْسِنُونَ صُنْعًا,(104) أُولَئِكَ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ وَلِقَائِهِ فَحَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فَلَا نُقِيمُ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَزْنًا.(105). 
“Dhawuha sira!: “Apa toh bakal Ingsun paring pangertèn marang sira ngenani wong-wong kang banget rugi (saking) kelakuwané? [103]. Hiya iku wong-wong kang wis muspra tumindaké sajroné urip  ana ngalam donya iki, sedheng dhèwèké kabèh padha ngira yèn dhèwèké kabèh wis padha  nglakoni saapik-apiké [104].  Dhèwèké kabèh iku wong-wong padha kafir (ngingkari) ing atasé ayat-ayaté Pangérané dhèwèké kabèh lan (kufur ing atasé)  sapatemon karo Panjenengané (Gusti Allah), mula banjur sirna amalan-amalané dhèwèké kabèh, lan Ingsun ora bakal nganakaké pangregan tumrap (amalan) dhèwèké kabèh ana ing dina Kiamat. (QS. Al-Kahfi [18]:103-105).
Para sadhèrèk kawula Jama’ah Jum’ah kaum Muslimin rahimakumullah,
Boten kathahing ngamal ingkang dipunkersakaken dening Allah Ta’ala, hananging ingkang dipunkersakaken Allah Ta’ala punika ngamal punika leres punapa klèntu. Wonten 2 (kalih) syarat dipuntampinipun ngamal, inggih punika ikhlas lan leres (mutaba’ah). Ikhlas tegesipun ngamal kanggé Allah Ta’ala, lajeng ingkang kanti bener tegesipun cocok kaliyan sunnahipun Rasulullah saw. Awit saking punika, sumangga kita ngamal kanti sahé lan leres. Kanti cara sinau agami supados mangertosi syari’at agami ingkang dipunkersakaken dening Allah SwT.
Sedhèrèk kawula ingkang tansah winengku karaharjan, boten sadaya penghuni Neraka punika tiyang-tiyang ingkang selaminipun wonten ing ngalam donya remenipun tumindak maksiat, kecandun narkoba, korupsi, tumindak zina, lan sapanunggalanipun. Kasunyatanipun penghuni Nerka punika wonten ingkang sregeb ngibadah, sregeb ngamal, malah kapara ngantos kesayahan anggènipun ngamal,  hananging anggènipun ngamal lan ngibadah punika kalebet ngamal ingkang klèntu lan sasar.
Kita sadaya sampun hangadhahi modal iman, kantun saatipun kita budi daya amrih ngamal kita dipuntampi Allah Ta’ala. Budi daya supados ngamal ingkang dipuntindakaken punika kalebet ngamal ingkang leres, Leres jumbuh kaliyan criteria ingkang sampun dipun-garisaken dening syari’at.
Mugi-mugi sadaya ngamal ngibadah kita dipuntampi dénéng Allah Ta’ala, lan kita dipun tebihaken saking ngamal-ngamal ingkang mupra.  Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ, لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ, إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.
-=(hms, 050716, 07.15)=-

URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMBÉ




السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ, وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ اَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا, مَنْ يَهْدِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ, وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ, وَأَشْهَدُ َأَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ, لاَ نَبِيَّ بَعْدَهُ.  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَأَصْحابِهِ وَمَنْ وَالاَهُ, وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ.
أَمَّا بَعْدُ:  فَيَا عِبَادَ اللهِ أُصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ حَقَّ تُقَاتِهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ.
: يَآَيُّهَا الَّذِيْنَ أَمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْن. قَالَ اللهُ تَعَالَى
Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah piyambak. Inggih Allah punika Dzat ingkang nguwaosi sadaya ngalam. Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Dzat ingkang paring rizki dhumateng kita sami. Dzat ingkang paring sakit lan paring obat amprih saged pinaringan saras. Dzat ingkang paring sandhang lan pangan ingkang murakapi. Dzat ingkang ngatur rina lan dalu; rina kanggé ngupados sandhang pangan lan dalu kanggé saré utawi istirahat.
Sholawat lan salam mugi tansah dipunparingaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman; Rasulullah Muhammad saw., ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.
Amin Yaa Rabbal ‘Alamin.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Allah SwT. nerangaken bilih satunggal dinten akhirat punika sami kaliyan sèwu dinten ing ngalam donya (1 dinten akhirat = 1000 tahun donya). Kados dipunsebataken Allah SwT. wonten ing Al-Qur’anul Karim:
وَإِنَّ يَوْمًا عِنْدَ رَبِّكَ كَأَلْفِ سَنَةٍ مِمَّا تَعُدُّونَ
“Sejatiné mangsa sedina ing ngersané Allah iku kaya déné sèwu tahun saka tahun-tahun kang sira étung.” (QS. Al Hajj [22]: 47).
Gegayutan kaliyan katerangan Allah SwT. punika Rasulullah saw. ugi paring dhawuh, makaten:
يَدْخُلُ فُقَرَاءُ الْمُؤْمِنِينَ الْجَنَّةَ قَبْلَ الأَغْنِيَاءِ بِنِصْفِ يَوْمٍ خَمْسِ مِائَةِ عَامٍ
“Wong iman kang miskin bakal mlebu Suwarga sadurungé wong-wong sugih, yaiku luwih dhisik ½ (setengah) dina kang padha 500 (gangsal atus) tahun.” (HR. Ibnu Majah no. 4122 lan Tirmidzi no. 2353. Al-Hafizh Abu Thohir ngendikakaken bilih sanad hadits punika hasan).
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Hadits kasebat nedahaken bilih setengah dinten ing akhirat sami kaliyan 500 tahun ing ngalam donya. Utawi 1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) dinten ing donya.
Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih gesang ing ngalam donya punika kados déné musyafir; tiyang késah utawi mlancong. Rasulullah saw. ugi paring sanépa bilih tiyang gesang ing ngalam donya punika kados tiyang  ingkang tiyang BORO. Ingkang suraosipun bilih tiyang gesang ing ngalam donya punika namung sakedhap sanget, boten dangu lan sakedhap badhé wangsul dhateng papan asalipun malih. Lan  manawi tiyang Jawi ngendika makaten: “URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMBÉ”.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun, sumangga kita étang sesarengan manawi 1000 tahun ing donya = 1 dinten ing akhirat. 1 dinten akhirat  = 24 jam akhirat. 12 jam akhirat = 500 tahun ing donya. 6 jam akhirat = 250 tahun ing donya. 3 jam akhirat = 125 tahun ing donya. 1,5 jam akhirat = 62,5 tahun ing donya.
Manawi umur kita 63 tahun, lajeng kita ginakaken kanggé saré utawi istirahat 8 jam; (1/3 x 24 jam = 8 jam). Pramila wekdal ingkang kita ginakaken saré utawi istirahat 21 tahun. Salajengipun manawi umur / gesang kita 63 tahun dipunkirangi 21 tahun, gesang kita ing ngalam donya punika namung 42 tahun, utawi 1 (satunggal) jam ing akhirat; 42 tahun donya = 1 jam akhirat.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Salajengipun gegayutan kaliyan ngibadah ingkang wigatos lan ingkang utami, inggih punika ngibadah shalat. Manawi saben dinten kita nindakaken shalat wajib 5 (gangsal) wekdal, lan saumpami satunggal wekdal kanggé shalat betah wekdal 5 (gangsal) menit, Gunggungipun wekdal kanggé shalat kita 25 (selangkung) menit, inggih punika 5 wekdal x 5 menit = 25 menit.
1 (satunggal) dinten, kita shalat 25 (selangkung) menit, 1 (satunggal) minggu = 175 menit, 1 (satunggal) wulan = 700 menit, 1 (satunggal) tahun = 140 jam.
Dados kita ngibadah shalat madhep sowan dhumateng Allah SwT. namung betah wekdal 25 (selangkung) menit kémawon. Salajengipun menawi kita étang kanti matematika kita shalat salaminipun kita gesang ing ngalam donya manawi umur kita 63 tahun, namung betah wekdal 292 dinten utawi  9  wulan.
Étangan cara matematika makaten. Tiyang gesang ing ngalam donya punika rata-rata 63 tahun. Wekdal baligh rata-rata 13 tahun. Pramila gesang kita ing ngalam donya kanggé shalat namung 50 tahun ;  umur 63 tahun –  wekdal baligh 13 tahun = 50 tahun. Salajengipun, 50 tahun x 140 jam = 7000 jam. Lajeng 7000 jam = 9 wulan.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Manawi kita dipunparingi umur 63 tahun, lan kita sregep shalat 5 wekdal tanpa mandheg, lajeng kita étang kanthi matematika donya saged dipunsimpulaken bilih umur 63 tahun punika namung betah wekdal 9 (sangang) wulan ingkang kanggé ngibadah shalat madhep dhumateng Allah SwT.
اَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمِ.
Émanipun boten sakedhik tiyang anggènipun hangginakaken wekdal ingkang dipunparingaken Allah Ta’ala punika namung kanggé tumindak ingkang boten manfa’at, ingkang handadosaken gesang sangsara, umpaminipun kanggé ghibah; nyatur tiyang sanès, nyolong barangipun liyan, dhahar lan ngujuk haram, ngrisak pager ayu / selingkuh.
نَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ ذَالِكَ.
Awit saking punka, sumangga kita sesarengan tata-tata siyaga ing dhiri, ngathah-ngathahaken ngibadah, istighfar, lan nyambut damel ingkang sahé kanggé sangu gesang kita ing akhirat, lan siyaga dhiri ngadhepi sakarortul maut ingkang sanget hanggegirisi.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
1 (satunggal) dinten akhirat sami kaliyan 1000 (sèwu) dinten ing ngalam donya. Manawi umur kita 63 (suwidak tiga) tahun ing ngalam donya, punika ateges gesang kita punika hanamung 1½ jam ngalam akhirat.
Awit saking punika, sumangga sesarengan kita manfa’ataken wekdal sakedhik punika kanggé tumindak ingkang sahé, kanti lelambaran dhèrèk dhawuhipun Allah SwT. lan Rasulullah saw, ingkang kaweca wonten ing Al-Qur’an lan As-Sunnah.
Pancèn kasinggihan bilih gesang ing ngalam donya punika namung mampir ngombé; “URIP IKU MUNG MAMPIR NGOMÉ.” Ing wusana kita pungkasi khutbah ing dinten Jum’ah punika kanti kita gatosaken sesarengan dhawuhipun Allah SwT. wonten ing kitab Al-Qur’an surat Al-‘Asr [103] ayat 1-3:
ÎŽóÇyèø9$#ur ÇÊÈ   ¨bÎ) z`»|¡SM}$# Å"s9 AŽô£äz ÇËÈ   žwÎ) tûïÏ%©!$# (#qãZtB#uä (#qè=ÏJtãur ÏM»ysÎ=»¢Á9$# (#öq|¹#uqs?ur Èd,ysø9$$Î/ (#öq|¹#uqs?ur ÎŽö9¢Á9$$Î/ ÇÌÈ  
1. Dhemi wektu. 2. Satemené manungsa iku yekti ana ing srajoné kapitunan, 3. Kajaba wong-wong kang iman lan nglakoni ngamal shalèh lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanaati ing  kabaneran lan padha tutur tinutur supaya padha-padha bisa hanetepi ing kesabaran.”
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ, وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ,وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ الْسَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.
-=(hms, 160616, 10.20)=-